Minggu, 24 Juni 2012

pandhawa


PANDHAWA                     
Prabu Pandhu Dewanata
Pala krami kalih Dewi Kunthi
Peputra tiga Satriya kang bagus – bagus
Kang asma Yudhistira, Bima, Arjuna
Prabu Pandhu Dewanata
Ugi Pala krami kalih Dewi Madrim
Kagungan putra kalih kembar
Sing ora kalah baguse
Kang asma Nakula lan Sadewa
Prabu Pandu Dhewanata, Dewi Kunthi, Dewi Madrim
Peputra satriya kang bagus – bagus
Sekti, Kendel, Rosa, berbudi luhur, Andap asor
Susila apambegan utama
Bungahe tanpa pepindhan
Sinebut Pandhawa amarga Putra saking  Pandhu dhewanata
Kang tansah lelaku ngupadi ngelmu lan kawaskithan
Dipun gulo wenthah, dening Pandhita Durna
Uga bareng Kurawa, kang duwe watak durjana
Mung golek enak ora gelem rekasa
Pandhawa tansah asor nanging ora gelem ngasorake
Gangsaring kacarita
Sorak – sorak menengker gumuruh
Sorake wadya gumbya gembira
Perang Barata yudha Astina lawane
Kurawa gugur tengahing peperangan.
Pandhawa…… Pandhawa…..Unggul ing Prang Barata Yudha